Senin, 04 Februari 2013

ASAL USUL KEDADIANE BANYUMAS

ASAL USUL BANYUMAS

          Woooy sedulur ..ketemu maning karo inyong.cah mbanyumas ashli... siki inyong arep nerangna sepethit crita asal usul kedadiane kabupaten Banyumas.
   

         
Pohon Tembaga 1


pohon tembaga 2

  Nek di deleng sepintas,wit sing nang gambar nduwur ketone pada bae karo wit witan liyane.tapi nek di deleng sing mandan teliti wit kiye beda karo wit wit liyane,soale warna kulite kue nyerupani warna tembaga utawa logam.Wit kiye merupakan "prasasti" Banyumas, sebab menurut babad lan cerita sejarah Banyumas sekang kene awal mula babade Kabupaten Banyumas . wit kiye manggon neng nggon pertama dewekdi bangun pusat pemerintahan Kabupaten Banyumas neng hutan Mangli daerah Kejawar lan siki manggon neng Desa Kalisube
Grumbul Mangli, Kecamatan Banyumas.

panggonan awal pemerintahan lan jeneng Banyumas.
Miturut penelitian,  alas Mangli daerah Kejawar dadi panggonan pertama dibangune pusat pemerintahan Adipati Wargo Oetomo II (Djoko Kahiman / Adipati Mrapat) sauwise ninggalna Wirasaba.
Miturut riwayat sing uga dipercayai neng  masyarakat, beliau nrima wisik/wangsit
supaya lunga maring nggon wit  Tembaga. Neng alas Mangli kiyelah sing dimaksud; yakue neng sebelah wetan ketemune kali Pasinggangan lan kali Banyumas. Lah kawit sekang kene mulai dibangun panggonan sing dadi pusat pemerintahan  sing dibiayai neng Kyai Mranggi Semu neng Kejawar.
nalika lagi sibuk sibuke mbangun pust pemrentahan, kebetulan
Pas waktu kue ana sijining kayu sing kendang neng kali Serayu. kayu kue jenenge Kayu Mas sing sauwise diteliti asale sekangi Desa Karangjambu (Kecamatan Kejobong, Bukateja, Kabupaten Purbalinga), saiki sebelah wetan Wirasaba. Anehe kayu mas kue mandeg neng kali Serayu perek lokasi pembangunan pusat pemrentahan. Adipati Marapat trenyuh atine menangi kedadian kue, terusan kayu kue d jukut lan didadikna saka guru. olehe arane kayu mau arane  Kayu Mas lan kendang kegawa banyu, milo pusat pemreintahan sing lagi dibangun mau dijenengi  Banyumas (perpaduan antarane banyu lan Kayu Mas)).
Riwayat singkat Raden Djoko Kahiman (Adipati Marapat).
Riwayat Djoko Kahiman atawa Raden Djoko Semangoen minangka putra Raden Harjo Banjaksosro Adipati Pasir Luhur sing kawit cilik dirumat lan di pet anak neng Kjai dan Njai Mranggi Semoe neng Kejawar. Kjai Mranggi jeneng asline kue Kjai Sambarta lan Njai Mranggi kue Njai Ngaisah.
sauwise Raden Djoko Kahiman gede/cukup umur deweke ngabdi maring Kjai adipati Wirasaba sing jenenge  Adipati Wargo Oetomo I lan akhire Raden Djoko Kahiman dadi mantune Wargo Oetomo I, dinikahna karo putri ragile sing jenenge Rara Kartimah.
neng sewijining dina Adipati Wirasaba olih titah  sekang Sultan supaya mersebahna salah sijining putrine nggo di gawe garwa ampean. dening Sang Adipati dipersembahna putri ragile sing jeneng Rara Soekartijah, sing pas wektu cilike tau dijodohna karo putra saudarane yakue Ki Ageng Tojareka, nanging sauwise dewasa Rara Soekartijah nolak ..
Lara ngati Ki Ageng Tojareka sateruse nggawe fitnah sing nyebabna murkane Sultan Pajang lan prentah Gandek supaya mateni Adipati Wirasaba sajrone perjalanan kondur tanpa d teliti disit . nanging sawise diteliti  Sultan Pajang ngajog ora karuan, satruse ndawuhi prajurit supaya nyusul Gandek disit ben mbatalna rencana mateni Adipati Wargo Oetomo I, nanging wis terlambat. panggonan kedadiane neng Desa Bener, mula Adipati Wargo Oetomo I uga terkenal karo sebutan Adipati Sedo Bener, sedangkan makam beliau neng pasarehan Pakiringan, sebelah wetan kota Banyumas, saiki mlebu wilayah  Purworejo Klampok.
kajogane Sultan Pajang sawise kedadian ndadiaken uripe ora tenang,satreruse beliau nitahna  putra Adipati Wirasaba supaya ngadep maring Kesultanan Pajang, nanging kabeh putra Wargo Oetomo I ora ana sing wani ngadep, akhire, mangkat Raden Djoko Kahiman ngadep Sultan Pajang. neng jabane pinemune Raden Djoko Kahiman malah diangkat dadi Adipati Wirasaba VII kalian gelar Adipati Wargo Oetomo II kanggo ngganteni Adipati Wargo Oetomo I sing wis wafat krana kesalah pahaman. Sultan Pajang ngaturi kabeh kebijaksanaan Kadipaten Wirasaba kepada Wargo Oetomo II.
kelawan ati gedene Adipati Wargo Oetomo II ora pengin mentingna awake dewek  , sebab beliau kue anak mantu, milo njaluk restu supaya mbagi daerah wirasaba dadi 4 daerah
niturut penelitian lan hasil seminar, dina, tanggal, wulan, tahun diangkate Raden Djoko Kahiman dadi Adipati Wirasaba VII sing bergelar Adipati Wargo Oetomo II yakue : Jumat Kliwon, tanggal 12
Rabiul awal 990 H bebarebngan karo tanggal 6 April 1582 M.
sabaline saka  Pajang mila Raden Djoko Kahiman sing wis
diangkat dadi Adipati Wirasaba VII, beliau mbagi daerah
kekuasaane dadi papat,yakue :
1. Banjar Pertambakan diwehna maring Kjai Ngabehi Wirojoedo.
2. Merden diwehna maring Kjai Ngabehi Wirokoesoemo.
3. Wirasaba diwehna maring Kjai Ngabehi Wargowidjojo.
4. deweke rela bali maring Kejawar kelawan maksud
mulai mbangun pusat pemrentahn sing baru.
Berdasarkan penelitian sejarah ditetapkan Hari  Jadi Kabupaten Banyumas adalah hari Jumat Kliwon, tanggal 12 Rabiul awal 990 Hijriyah bertepatan dengan 6 April 1582 Masehi. (sumber : sejarah Babad kabupaten banyumas)        "translit bahasa jawa dening khafidz mubarok"

3 komentar:

  1. baru tahu nich sejarah banyumas..
    Bila anda butuh informasi lowongan kerja banyumas klik saja http://LokerPUrwokerto.Com

    BalasHapus
  2. What's it like to make money from gambling? - Work
    I'm looking for ways to make money from gambling? to earn money for the casino games. I หาเงินออนไลน์ can earn the funds from the casino games.

    BalasHapus
  3. Slot Machines & Video Poker - Jackson County Chamber of
    Slot Machines & 성남 출장샵 Video Poker - 서귀포 출장안마 Jackson 상주 출장마사지 County Chamber 하남 출장마사지 of Commerce. 777 광주 출장샵 Highway 30, Jackson, ID 89101, United States.

    BalasHapus